Warok Ponorogo dudu Warokan neng Ponorogo

10/11/2009 06:33:00 AM / POSTING BY erik kurniawan /

Selasa Pon 15 januari 2005
RM Arjuna Nusantara/Ki Joko Bodho
Ponorogo



Peteng dedet jagad iki podo karo petenge Ponorogo
Ruwete nusantara podo karo ruwete kuthaku
Kabeh mau mung kegowo roso kang nyoto
Jagat gumelar najan sak kepel nanging sari-sarining isen-isening donyo
Ono abang ono ireng ono putih ono ijo lan ono kuning
Najan kutho mung sak endog paribasaning
Dadi wijining manungso suci lahir ning alam donyo
Najan mung koyo nyamuk biso gawe rekosoning jagat
Yoiku sak temene warok Ponorogo

Aluse koyo sutro,yen nglenggono lan dijaluki sepuro
Nanging brangasan koyo singo yen dipiloro lan ora disopo
Najan ora nggowo opo-opo nanging ora keno dikapak-kapakno
Najan ora duwe bondho nanging iso bangun reno-reno
Najan ora duwe kreto neng biso mrono-mrono
Sak temene yo koyo ngono kui lakune warok Ponorogo
Sak tmene satrio Ponorogo

Saiki kualik kahanane kabeh
jarene warok isik golek tameng dukun songko monco kutho
jarene ngerti isik golek kaweruh teko ngendi-ngendi
Jarene bangun nanging nrethek-nrethek golek utangan negoro liyo
Kabeh podo didoli marang wong jowo
Jarene arep ngrubah becik nanging nyatane ngrusaki
Kawulaning gawe tumbal
Bangsat.........!
Mulo saiki aku bengok
Aku weruh dewe kahanane
Amergo wis kebacut
Kabeh do ra jowo marang Ponorogo
Kabeh mung gawe wirang
Pakem dirusak,toto projo kraton sinisihan wahyu dadi cublesan paten-patenan lan fitnah-fitnahan
Ugo do ngumbar janji sing ora bakal kelakon lan dilakoni
Nyapo kok kudu manut nggone dajal
Nyapo kok kudu manut jahiliyah
Nyapo kok ngetutne budoyo monco
Opo pancen isin mergo kangelan nggone sinau
Opo pancen isin karo aslimu mung boneka
Opo siro mung urip-uripan sing nggendong tai lan bathang mlaku
Yen ngono minggato
Ojo urip neng kene
Minggato koyo dulurmu kae yen mung numpuk bondho

Opo oro ngilo marang sejarah Ponorogo
Ronggo Warsito sinau neng Ponorogo
Opo ra weruh sunan Kalijogo nggowo sumber Ponorogo
Opo ra weruh ngilmu kasampurnan islam manggon neng Ponorogo
Opo ra weruh Mojopahit sing nerusne wong Ponorogo
Opo ra weruh Erlangga mati neng Ponorogo
Opo ra weruh sri Aji Joyo Boyo duwe mantu wong Ponorogo
Opo ra weruh pucuking sekabehing gugung ono Ponorogo
Opo ra weruh sakehing aliran mandege neng Ponorogo
Opo ra weruh sak enenge bencana sirepe yen wis teko Ponorogo
Opo ra weruh pamonge pandowo neng Ponorogo
Opo ra weruh Ramayana lan Barata Yudo lestari neng Ponorogo

Agomo agem-ageman kang utomo dadi ageman golek bondho
Mulo yen dudu wong jowo marang Ponorogo
Ojo mimpin Ponorogo soyo bubrah,soyo memet,soyo mundhak ruwet

Sejatosipun isin bengok kados meniko
Sejatosipun mboten patrab kados meniko
Sejatosipun nerak budoyo mbengok wonten kandang meniko
Nanging sedoyo kahanan ingkan ngersaaken lan kawontenan
Gusti-gusti kang akaryo jagat kulo nyuwun pangapunten
Panjenengan ingkang kuaos noto ponorogo
Panjenengan ratu adil kang nyoto
Kulo emut pamongn jawi pesen marang putro wayah
Ojo dumeh elengo siro sak dremo titah kang nompo amanat
gweo becik marang sekabehing makhluk ing ngalam
Lailahaillallah,Subhanallah,Alhamdulillah,Allohu Akbar

Label:

1 komentar:

Anonim on Kam Feb 04, 04:08:00 AM 2010

1. jangan pasang foto mbah wo kucing, pasang foto saya aja ( kijoko bodo)
2. masih banyak pengetikan yang salah
3.banyak kata-kata yg tidak tertulis

mohon koordinasi lebih lanjut
Ki Joko Bodo
kapan sowan kerumah desa cerabak slahung ponorogo

Posting Komentar