"Urip iku ing ndonyo tan lami
Upamane jebeng menyang pasar
Tan langgeng neng pasar wae
Tan wurung nuli antuk
Mring wismane sangkane uni
Ing mengko ojo samar
Sangkan paranipun
Ing mengko podo weruh
Yen asale sangkan paran duk ing uni
Aja nganti kesasar".
"Yen kongsiho kesasar jroning pati
Dadiya tiwas uripe kesasar
Tanpa pencokan sukmane
Saparan-paran nglangut
Kadya mega katut ing angin
Wekasan dadi udan
Mulih marang banyu
Dadi bali nuting wadag
Ing wajibe sukma tan kena ing pati
Langgeng donya akhirat".
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar